Cerita Pak Marto: Cermin Kang Thohir


Microsoft AI Creator


Zaman waktu aku neng pondok aku sering curhat karo Pak Marto wog loroan neng nduwur Masjid Al-Istiqomah, waktu kue wayahe istirahat lan laka kegiatan pondok. 

Tapi giliran saiki Pak Marto sing pan curhat atawa cerita maring aku, soal perihal dirinya waktu pengalaman neng ngumah. 

Pak Marto cerita maring aku, 

"Hir, aku lagi balik neng ngumah, aku ribut karo Pak Madi." 

"Sih bisane?" 

"Iya, soale lagi pan badanan Pak Madi kayong ora seneng karo aku." 

"Bisane ora seneng?"

 "Soale kae takon soal tuku klambi badanan maring aku." 

"Sih takone priben?" 

"Takone kaya kiye, : apa koe arep tuku klambi?!" 

"Terus jawabe sampean apa?" 

"Aku jawabe, : iya, aku pan tuku klambi, maring Pak Madine."

"Toli kae jawabe apa?" 

"Kae jawabe kaya kiye, : wong enyong beh ora koh!: Kae ngomonge karo ngosog maring aku, lan karo wajahe ora seneng maring aku." 

"Ya, ndean kae lagi iri maring sampean, soale pan ditokokena klambi sih neng Pak Maksum." 

"Ora kah, 'kan pas kuwe Pak Maksum, takon maring aku lewat telephon, takon maring aku 'koen pan tuku klambi apa ora, Marto?' Maring aku pas kue. Soale pas kue Pak Maksum pan nokokena klambine aku nggo badanan, kah ujug-ujug Pak Madi lewat neng ngarepe aku, lan melu nyaut lan nakoni kayak kue! Gadine aku rada jengkel oh lan ora kepenak."

 "Ya, sing sabar bae wes, Pak Marto, arane beh wong iri."

"Huhahaha, iya."


Brebes, 29 Maret 2025

Tidak ada komentar